Purwokerto, awal tahun 2012 |
Jogja, 15 Desember 2013
Priwe kabare, Col?
Jan,
retoris temen yah ndadak takon kabare ko. Genah-genah rong dina sepisan ngirim
WA. Nek ora ya minimal mention neng Twitter apa komen status neng FB. Jan-jane
nyong krasa nek carane dewek gole batiran mandan aneh. Biyen mbok ora patia
akrab? Siki be nek ketemu kadang mandan bingung arep ngomong apa. Biasane ya
bahas mantane ko, gebetane ko, nek ora ya kepopuleran ko neng Twitter. Hahaha.
Bangga nyong duwe kanca sing followere tekan ewon-ewon. Nyong arep telung atus
be kayane angel banget koh. Pas ngerti mention-e ko dibales simbah GM, wuah,
iri banget rasane.