15 Desember 2013

Kanggo Gita Sing Lagi Nanggap Warsa

Purwokerto, awal tahun 2012

Jogja, 15 Desember 2013

Priwe kabare, Col?

Jan, retoris temen yah ndadak takon kabare ko. Genah-genah rong dina sepisan ngirim WA. Nek ora ya minimal mention neng Twitter apa komen status neng FB. Jan-jane nyong krasa nek carane dewek gole batiran mandan aneh. Biyen mbok ora patia akrab? Siki be nek ketemu kadang mandan bingung arep ngomong apa. Biasane ya bahas mantane ko, gebetane ko, nek ora ya kepopuleran ko neng Twitter. Hahaha. Bangga nyong duwe kanca sing followere tekan ewon-ewon. Nyong arep telung atus be kayane angel banget koh. Pas ngerti mention-e ko dibales simbah GM, wuah, iri banget rasane.