Purwokerto, awal tahun 2012 |
Jogja, 15 Desember 2013
Priwe kabare, Col?
Jan,
retoris temen yah ndadak takon kabare ko. Genah-genah rong dina sepisan ngirim
WA. Nek ora ya minimal mention neng Twitter apa komen status neng FB. Jan-jane
nyong krasa nek carane dewek gole batiran mandan aneh. Biyen mbok ora patia
akrab? Siki be nek ketemu kadang mandan bingung arep ngomong apa. Biasane ya
bahas mantane ko, gebetane ko, nek ora ya kepopuleran ko neng Twitter. Hahaha.
Bangga nyong duwe kanca sing followere tekan ewon-ewon. Nyong arep telung atus
be kayane angel banget koh. Pas ngerti mention-e ko dibales simbah GM, wuah,
iri banget rasane.
Soale ko pancen pinter.
Macane rajin. Nulise ya apik. Padahal ra tau sinau secara khusus. Nyong kemutan
jaman esih rajin nulis note FB, deweke mesti komen apa ngelike. Suwe-suwe nulis
dewek. Ya apik hasile. Ndean kuwe jamane ko mulai seneng nulis, yah, Col?
Nek ko seneng maca kayane
wis kawit ganu. Tek simpulna kaya kuwe soale ko nek crita, kayane ganu sering
teka perpus. Embuh nek ora nyelang buku thok. Sisan nggodani penjagane. Anu aku
ora tau ngerti ko duwe pacar si.
Siki kowe lagi tanggap
warsa, kepira, ya? Nek nyong ra salah, wis telu likur taun. Esih enom, tek
pikir, terutama nek emut gajimu wis atusan yuta. Sangar banget. Haha.
Merga duite akeh, kadang
kowe ngirimi nyong duit go tuku buku. Pisan ngirim langsung limang yuta. Jane
nyong krasa diece, genah-genah sing neng kene arep mangan be akeh, wong siji
kiye ngawur-awurna duit mung go tuku buku. Jane go ngapa si maca buku?
Dewek ya wis tau mbahas
pirang-pirang, jane maca buku fungsine go ngapa? Nek go memperkaya pengetahuan
thok, rasane kurang praktis. Ora tau ditulis mbok? Nek nulis ya mung curhat
mellow-mellow. Wis telu likur tapi esih kaya remaja labil.
Nek ana sing tek arepna saka
ulang taunmu sing telu likur kiye, mung siji, Col: kowe menemukan apa fungsi
membaca buku akeh. Fungsi sing praktis, sing kanggo nggo wong akeh, nggo
masyarakat.
Mandan muluk-muluk, yah?
Jenenge bae harapan, idea. Ya mesti muluk-muluk. Ben berkembang. Hahaha.
[….]
Udah lah, ya, Git. Aku stres
nulis dalam bahasa ngapak. Susaaaah dan jadinya ganjil. Hahaha. Selamat ulang
tahun, brother. Kawan-lawan pilih
tanding. Yang terlalu akrab di dunia maya, tapi agak absurd pas ketemu. Inilah abad
kita, di mana yang nyata dan maya bersilang, mengelindan, dan jadi sama
riilnya.
Sekali lagi, selamat!
Temanmu yang payah,
Prima S. W.
Ucapan selamat ulang tahun yang sungguh
BalasHapusaneh.
(hahaha)