15 Desember 2013

Kanggo Gita Sing Lagi Nanggap Warsa

Purwokerto, awal tahun 2012

Jogja, 15 Desember 2013

Priwe kabare, Col?

Jan, retoris temen yah ndadak takon kabare ko. Genah-genah rong dina sepisan ngirim WA. Nek ora ya minimal mention neng Twitter apa komen status neng FB. Jan-jane nyong krasa nek carane dewek gole batiran mandan aneh. Biyen mbok ora patia akrab? Siki be nek ketemu kadang mandan bingung arep ngomong apa. Biasane ya bahas mantane ko, gebetane ko, nek ora ya kepopuleran ko neng Twitter. Hahaha. Bangga nyong duwe kanca sing followere tekan ewon-ewon. Nyong arep telung atus be kayane angel banget koh. Pas ngerti mention-e ko dibales simbah GM, wuah, iri banget rasane.

Soale ko pancen pinter. Macane rajin. Nulise ya apik. Padahal ra tau sinau secara khusus. Nyong kemutan jaman esih rajin nulis note FB, deweke mesti komen apa ngelike. Suwe-suwe nulis dewek. Ya apik hasile. Ndean kuwe jamane ko mulai seneng nulis, yah, Col?

Nek ko seneng maca kayane wis kawit ganu. Tek simpulna kaya kuwe soale ko nek crita, kayane ganu sering teka perpus. Embuh nek ora nyelang buku thok. Sisan nggodani penjagane. Anu aku ora tau ngerti ko duwe pacar si.

Siki kowe lagi tanggap warsa, kepira, ya? Nek nyong ra salah, wis telu likur taun. Esih enom, tek pikir, terutama nek emut gajimu wis atusan yuta. Sangar banget. Haha.

Merga duite akeh, kadang kowe ngirimi nyong duit go tuku buku. Pisan ngirim langsung limang yuta. Jane nyong krasa diece, genah-genah sing neng kene arep mangan be akeh, wong siji kiye ngawur-awurna duit mung go tuku buku. Jane go ngapa si maca buku?

Dewek ya wis tau mbahas pirang-pirang, jane maca buku fungsine go ngapa? Nek go memperkaya pengetahuan thok, rasane kurang praktis. Ora tau ditulis mbok? Nek nulis ya mung curhat mellow-mellow. Wis telu likur tapi esih kaya remaja labil.

Nek ana sing tek arepna saka ulang taunmu sing telu likur kiye, mung siji, Col: kowe menemukan apa fungsi membaca buku akeh. Fungsi sing praktis, sing kanggo nggo wong akeh, nggo masyarakat.

Mandan muluk-muluk, yah? Jenenge bae harapan, idea. Ya mesti muluk-muluk. Ben berkembang. Hahaha.

[….]

Udah lah, ya, Git. Aku stres nulis dalam bahasa ngapak. Susaaaah dan jadinya ganjil. Hahaha. Selamat ulang tahun, brother. Kawan-lawan pilih tanding. Yang terlalu akrab di dunia maya, tapi agak absurd pas ketemu. Inilah abad kita, di mana yang nyata dan maya bersilang, mengelindan, dan jadi sama riilnya.

Sekali lagi, selamat!

Temanmu yang payah,
Prima S. W.

1 komentar: